Pirang dina maning enyong rika kabeh arepan ninggalaken tahun 2011 mlebu maring tahun anyar/ Baru, lha kuwe tahun 2012. Muga- muga bae sajerone tahun sing arepan teka mengko, enyong rika kabeh beleh nglakoni maning tindakan sing beleh apik, sekabehe dibuang adoh- adoh, endah awake dewek bisa nglakoni keapikan, dadine nyambetgawe rasane beleh grungsang- grungsung kaya direp- rep Gendruwo. Angger kabeh bisa kaya kuwe, ndeyan bae Negara kiye beleh terus- terusan direp- rep musibah utawa malapetaka macem- macem sing Gusti Allah.
Yu Jetun glendang- glendeng dewek nyambi repot temandang nang pawon warunge sing awan kuwe katon lagi rame akeh wong pada mangan. Sedenge jakwir- jakwire, kaya man Tabran, kang Karso karo kang Karyo katon pada melu ngrewangi yu Jetun, karo melu nyrandu yu Jetun ngglendeng.
“ Kepriben Negara kiye beleh dilaknat daning Gusti Allah, lha wong sing dinei kepercayaan ganing rayat kanggo mimpin, kayong rata- rata katon akeh sing polahe kaya garong. Uwis ngarti gudu gablege lha ka dicaplok. Apa kuwe beleh ngrugikaken rayat sing wayah kiye akeh sing lagi uripe cengap- cengap ambekane wis nang tenggok ?!”, jare man Tabran karo cangkeme ngapit udud klaras mbako jepetan.
“ Ente mbacot sakeras- kerase masa bakalan ana sing gelem ngrungokaken. Soale omongange rika kuwe angger dirungokaken nang waduk rasane nyungglak “, yu Jetun nimpali karo tangane katon repot mesusi beras sing arepan diedang.
“ Angger kaya kuwe terus- terusan, toli awake dewek kudu kepriben ? Ngejor klowor utawa melu- melu njaluk bagen hasil sing korupsi ? “, kang Karso takon.
“ Jare enyong sih suka melu ngruwedi karo njaluk bagen. Nembe angger dijaluk kangelan ngumpulaken jakwir- jakwir kanggo demo. Nembe meneng angger uwis dinei bagen “, kang Karyo melu-melu ngomong.
“ Ente kabeh sing gemiyen goblog terus langka robahe. Mugane ngadepi persoalan sing kaya kuwe ngomonge pada srang- srangan. Ngomong kudu sing porposional, ngritisi kudu professional dilengkapi karo data utawa dokumen aja nganti awur-awuran. Angger bisa kaya kuwe ndeyan bae akeh koruptor sing pada mencret “, jare yu Jetun karo matane mlotot embuh maring sapa.(*)