Wayah kiye senajan yu Jetun rayat biasa sing ana nang ngingsoran, tapiken kayong seradan angel kanggo ditemui, mbuh kuwe nang warunge utawa nang umahe. Jare tangga- tanggane uwis pirang- pirang dina kiye yu Jetun sering lunga pyang- pyangan, balike sewayah- wayah. Warunge sing biasa ditunggoni dewek wayah kiye dipercayakaken maring jakwir- jakwire, kaya man Tabran, kang Karso karo kang Karyo.
Yu Jetun sing wayah kiye sering lunga, saben dina anggo- anggone kaya putri Solo, tapihe mlepet, kebayane nglapet, slendange kena angin persis tangan ngawe- ngawe, awake nyingset persis mbentuk gitar Spanyol. Sapa uwonge, beleh lanang beleh wadon nyawang yu Jetun langka mblengere.
Beleh satitik uwong- uwong sing perek karo yu Jetun sing takon- takon, donge yu Jetun wayah kiye apa sing lagi diluruh ? Krungu- krungu jare jakwire, sajerone Pemilihan Bupati yu Jetun arepan melu- melu daftar dadi Balon ( Bakal Calon ) bupati. Alesane, jare sih kabeh warga Negara nduweni hak kanggo milih utawa dipilih, apa maning yu Jetun senajan bakul warteg tapiken lulusan SMA tur uteke pinter, duwite lumayan akeh, dadi pantes angger yu Jetun melu-melu ndaftar dadi balon bupati.
Let beleh suwe weruh-weruh ana mobil keminclong mandeg tres nang ngarepe warunge yu Jetun. Uwong- uwong sing awan kuwe pada mangan nang warunge yu Jetun pada nyawang, terus pada nylemong, ehhh…… jebule balon ndoro kanjeng ……… ?. Krungu omongan kaya kuwe yu Jetun sing rumangsa arepan melu dadi balon bupati mung mesam- mesem tok, karo ngomong, “ Bener sedulur kabeh, enyong arepan melu ndaftar dadi balon bupati, tulung enyong didukung, syukur dipilih rika sampeyan kabeh dadi kekarepane enyong bisa klakon, dadi pimpinan daerah sing bisa mengakomodir macem-macem aspirasi sing rayat, toli bisa menuhi kepenginan rayat “, jare yu Jetun karo udar- udar gelungan rambute sing gedene serodane vespa.
Maring uwong- uwong sing awan kuwe sesek pada mangan nang warunge yu Jetun. Beleh basa- basi maning yu Jetun ngomong balak- balakan, “ Pertama enyong melu dadi balon bupati uwis ana uwong sing gelem modali toli wani jed- jedan. Kaping loro, rayat saiki akeh sing uwis paham soal pemilihan balon bupati, dadine mikir- mikir kanggo milih kucing sing nang jerone karung. Ngoware seru tur akeh ngumbar janji sing manis-manis, jebule kenyataane mung mbodoni rayat tok. Mugane enyong arepan masang gulu kanggo mimpin daerah kiye, endah rayat beleh dibodoni melulu”, jare yu Jetun karo jentike nuding- nuding maring sembarang arah.
Toli uwong- uwong sing pada ngrungokaken pada keprok karo pada gemboran, “ Hiduppp…. yu Jetun, aja kosih klalen mengko pada milih yu Jetun sing jelas- jelas uwonge nrima apa anane tur pinter, gelem kerja keras karo sapa bae beleh pandang bulu. Hiduppp…. yu Jetun…….?!”. jare uwong- uwong sing ana nang warunge yu Jetun awan kuwe.
“Angger bener- bener yu Jetun arepan maju dadi balon bupati, enyong siap melu berjuang entong- entongan. Kabeh kanca batire enyong karo sapa bae sing enyong kenal tak oprak- oprak kongkon milih yu Jetun. Insya Allah pada nurut. Hidupppp…… yu Jetun……”, jarene, disambut suara “ Hiduppppp…… !!!, semangat, tulus tur heroik “ sing uwong akeh saporete nang ngarep warunge.(*)