Senajan uwis tuwa tapiken beleh ngrumangsani tuwane, padahal rambute uwis rong warna, ireng putih, rumangsane nesih enom bae. Penampilane nesih jentrak- jentrik kaya singgat nang comberan. Ngumpul karo bocah- bocah enom karo rame- rame nabuhi mercon bregodog nganti mercon long, dar…. dor…. dar…..dor nganti suwara blengng ….! Ledakane mercon long sing nang jantung ranane oyag. Sangking senenge yu Jetun nganti klalen lagi nggodog kupat karo nggawe jangan opor ayam. Nembe kelingan sauwise ana mambu sangit.
“ Asem ndeyan….?!, jangan opor enak- enak bumbune mbleketaket, buket nganti geseng rumpeng, gara- gara sangking asike nabuhi mercon“, yu Jetun ngedumel dewek nang pawon karo repot mbresihi bumbu masakan sing nglika maring wajan.
“ Ente uwis tuwa lata kaya bocah bae, melu- melu nabuhi mercon, nganti beleh eling lagi masak kupat karo opor ayam kanggo badanan “, jare kang Tabran karo cangkeme muel- muel daging opor ayam sing geseng.
“ Rika maning luwih compong, uwis ngarti kiye wulan puasa cangkeme muel-muel nang latar beleh idep isin, uwis tuwa Bangka beleh puasa “, bales yu Jetun karo seradan ngosog.
“ Kanggo enyong langka isine Tun ?, soale gudu wulan puasa bae enyong sering puasa Tun ? Kepriben beleh puasa, lha wong sing pan dipangan langka. Jaman saiki leluruhan angele por- poran, nesih mendingan luruh tarok nesih seradan gampang, ketimbang luruh duwit, bener- bener pahit leder “, Man Tabran ngresulah. Beleh ngarti obrolane kuwe dirungokaken jakwir- liyane kaya kang Karso karo kang Karyo.
“ Pacen rika bener man Tabran, jaman saiki kiye luruh dowir ( sodakoh ) bae angele por. Enyong karo kang Karso keliling luruh dowir nganti pojokan kota mung olih angin tok, olih pisangkala beleh pirakha, kanggo medang karo sarapan bae beluh cukup. Toli kepriben bocah- bocah bisa badanan ? Tak pikir nang endas rasane peng- pengane por-poran, nesih mendingan mumet tas dikapleng cepet warase”, kang Karso melu ngeluh karo matane ngecembong banyu. Weruh jakwir- jakwire uripe pada sengsara, yu Jetun beleh tega.
Jakwire sing telu kuwe diundang dikumpulna, kaya man Tabran, kang Karso karo kang Karyo dinei yu Jetun sarung karo piama, sandal toli kopyah kanggo Ariyaya. Anak- anake jakwire rata- rata dinei pakean sepengadegan kanggo badanan.