Senajan badanan uwis klewat toli beleh ungsum maning uwong pada njaluk pangapura maring sanak sedulur karo tangga- tangga, tapiken yu Jetun wingi sore katon kenteng maring tangga- tangga mbagi- mbagikna kupat lawuh jangan opor ayam karo sambel goreng kentang sing katon abang meret, sambi njaluk pangapura.
“ Tumben taun kiye rika telat mbagi- mbagi kupate, padahal badane uwis ngenturit adoh, maring endi sih rika donge ? “, salah siji tangga nakokena.
“ Enyong rumangsa uwis pirang- pirang taun beleh tau balik kampung, critane enyong kebanget kangen maring uwong tuwa, sedulur- sedulur karo kanca batur nang kampung, dadi setengah wulan sajerone wulan puasa enyong mudik. Durung anjog umah enyong digawe kaget seporete. Kepriben beleh kaget, sing gemiyen ngarep umah ana sawah ambane ngampar- ngampar saiki sawahe uwis pada tukul umah. Pari uwis langka uwong tani saiki akeh sing pada ngoloh jentik karo nyawang umah- umah sing pada tukul nang sawah sing gemiyen kanggo penguripane“, jare yu Jetun karo katon seradan gemremet.
“ Kiye apa- apanan, enyong rika kabeh arepan digawa maring endi ? negara agraris apa negara industri ? sing uwis ketinggalan mentit dibanding negara liyane. Tak deleng- delengaken kayong katon lagi kebingungan, mugane sing katon mundur gampang maju ketepolan, sing akibate akeh sektor- sektor liya sing kena imbase, sing salah sijine, jare gemiyen negara kiye bisa eksport guru- guru maring luar negeri, saiki katon nyolok pintere eksport babu- bau maring luar negeri. Siale maning nang kana akeh sing dianiaya majikane, akeh sing di khamdoli nganti pada nganak, dadine balik sing luar negeri beleh ngetombol duwit akeh, tapi nggawa anak sing beleh jelas bapakane. Dobol ndeyan, padahal enyong kelase rayat biyasa tapiken ndeleng kenyataan sing ana melu medongkol. Su…..!? ndeyan “, yu Jetun beleh krasa misuh- misuh embuh maring sapa, kanca batire sing ngrungokena omongane yu Jetun pada ngegleg.
“ Untung bada taun kiye enyong kepengin mudik maring kampung, dadi weruh matane dewek, kampunge enyong rika kabeh saiki dadi kota sing beleh tata, mugane beleh salah uwong- uwong tani nang kene akeh sing pada urbanisasi luruh gawean nang kota- kota, angger sing sial kepaksane mbuh ngemis- ngemis dilakoni “, jare yu Jetun maning, karo cangkeme gemboran ngundang- ngundang jakwir- jakwir ceteme sing kaya man Tabran, kang Karso karo kang Karyo sing jarang mangan enak kongkon mangan kupat karo opor ayam samlukeke.
“ Mumpung nesih ana sing dipangan, panganen samlukeke rika kabeh, angger bisa kletak karo piringe”, jare yu Jetun karo gemuyu ngakak- ngakak, haaa….. haaa…haaa….., stressss…!!.