Home » » Beleh Sida Nyalon

Beleh Sida Nyalon

Written By suararakyat on Saturday, September 22, 2012 | 1:30 PM

Wayah- wayah kiye yu Jetun tambah katon repot saporete, pontang- panting dewek nggoleti tunggangan parte kanggo melu nyalon dadi bupati, beleh ngrumangsani awake beleh gableg duwit sing cukup kanggo bayar tunggangan karo dibagi- bagi maring rayat endah mengko pada gelem milih awake. Kanca- kancane kaya man Tabran, kang Karso karo kang Karyo nglaruhi beleh digubris, yu Jetun tetep pontang- panting sing karepe endah kepenginane bisa ketemahan.

“ Tun mumpung durung kejeron, jare enyong kowen aja melu-melu nyalon. Soale senajan kowen pintere nganti nyundul langit, tapiken beleh gableg duwit, aja ngimpi bisa kepilih. Beda karo uwang sing duwite sahahahaha uwis beleh kepetung maning, senajan beleh terkenal nang masyarakat, beleh sapinter kowen, toli beleh paham politik, tapiken wani nyebar duwite beleh petungan, lha kuwe sing bakal bisa kepilih “, jare man Tabran karo lambene ngpapit udud klaras sing nganggo mbako jepetan tuku nang pasar.

“ Jare enyong ya kaya kuwe Tun…… ?!, aja melu- melu nyalon angger duwe duwit mung cupen. Luwih apik duwit kuwe dikumpulaken kanggo nggedeni usaha wartege endah tambah maju. Soale angger kowen maksakena, duwit sing kowen sebar kuwe pada bae satetes banyu tawar sing ana nang segara. Dadi bener-bener langka artine “, kang Karyo melu- melu nglaruhi, tapiken yu Jetun beleh iya beleh embuh, nggetem, mung katon raine mbetatut kaya silit kebo sing lagi mencret.

“ Beleh man Tabran, beleh kang Karyo, enyong dewek ya duwe pikiran sing kaya kuwe. Jare enyong uwis aja diterusaken bati modol- modol beleh karuan tur langka hasile. Mbokan ente beleh ngandel yang diterusaken, bakal ente getun. Mumpung durung kedaden, luwih apik mandeg bae, aja melu- melu kaya uwong sing sepure puluhan, duite tumpukan munjung- munjung kaya bong Cina jaman kuna. Kuwe sih enyong ngemutaken mbokan dirungokaken, angger ente beleh nggubris, aja kaget ente bakal akeh nemui uwong- uwong sing pasang regan, wani piro…. ?!, bisa- bisa durung wayahe pemilihan ente uwis ambrol “, jare kang Karso sing disambut yu Jetun mamprang- mamprang kaya jaran lumping sing lagi kesurupan.

“ Dadi ente kabeh beleh ndukung, beleh nei semangat, malah nggawe enyong nglokro. Tapiken ente kabeh ana benere, angger bae ente kabeh beleh ngemutaken, ayam karo bebek pirang- pirang kandang bakal ilang percuma. Dadi ente kabeh bener, dijoraken bae mbuh sapa bae sing dadi pemimpin, sing penting angger uwis njagong aja nganti dadi kapal keruk sing dal dal keduwal, watu, kayu, semen, aspal nganti wungkal diuntal, bisa negara bangkrut utange ngetombol. Ya wis enyong beleh sida nyalon “, jare yu Jetun karo matane nyawang awang- awang ngruwiceh kaya kebo arepan disembeleh.(*)
Share this article :